PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 9:3-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Wektu ratu saka Syéba ndelok kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+ 4 panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané lan klambiné, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah,+ ratu kuwi nggumun banget. 5 Mula dhèwèké kandha marang Raja, ”Kabar sing tak rungokké ing negaraku soal kesuksèsan lan kawicaksananmu jebulé kabèh bener. 6 Mauné aku ora percaya kabar kuwi nganti aku teka lan ndelok dhéwé.+ Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. Njenengan luwih wicaksana+ timbang kabar sing tak rungokké.+ 7 Rakyatmu, para abdimu, lan sing terus bareng karo njenengan mesthi seneng banget merga isa terus ngrungokké kawicaksananmu. 8 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu dipuji. Dhèwèké seneng karo njenengan, mula njenengan dilungguhké ing takhtané Gusti Allah bèn dadi raja kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Merga Gusti Allahmu nresnani Israèl+ lan péngin Israèl ana nganti saklawasé, Dhèwèké nglantik njenengan dadi raja kanggo nindakké keadilan lan apa sing bener.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim