-
2 Babad 9:17-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Raja ya nggawé takhta gedhé saka gadhing lan dilapisi nganggo emas murni.+ 18 Ing ngarep takhta kuwi ana enem undhak-undhakan lan ana ancik-ancik sikil saka emas sing dadi siji karo takhta kuwi. Ana tatakan tangan ing sisih tengen lan kiwané takhta kuwi, lan ing sakiwa tengené tatakan tangan kuwi ana patung singa loro.+ 19 Ing bagéan kiwa lan tengen saben undhak-undhakan ana patung singa, kabèh cacahé ana 12 patung singa.+ Ora ana kerajaan liya sing nggawé takhta kaya ngono kuwi.
-