-
Purwaning Dumadi 49:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Yéhuda kuwi anak singa.+ Anakku, sakwisé mangan buruanmu, kowé bakal lunga. Dhèwèké turonan lan awaké ngolèt kaya singa. Merga kaya singa, sapa sing wani nggugah?
-
-
Wilangan 23:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Iki bangsa sing bakal tangi kaya singa,
Kaya singa, dhèwèké bakal ngadeg.+
Dhèwèké ora bakal turon sakdurungé mangan mangsané
Lan ngombé getihé kéwan sing dipatèni.”
-
-
Wilangan 24:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Israèl turonan, dhèwèké turonan kaya singa.
Merga kaya singa, sapa sing wani nangèkké?
Wong-wong sing mberkahi kowé bakal diberkahi,
Wong sing ngutuk kowé bakal dikutuk.”+
-