PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 12:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Abram njlajahi tanah kuwi nganti tekan dhaérah Syikhèm,+ cedhak wit-wit gedhé ing Moré.+ Wektu kuwi, wong-wong Kanaan manggon ing kana.

  • Yosua 20:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Mula, wong Israèl milih* kutha-kutha iki: Kèdès+ ing Galiléa ing dhaérah pegunungan Naftali; Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim; lan Kiriat-arba,+ yaiku Hébron ing dhaérah pegunungan Yéhuda.

  • Yosua 20:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Kuwi kutha-kutha sing ditentokké kanggo kabèh wong Israèl lan penduduk asing sing manggon ing antarané wong Israèl. Sapa waé sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana.+ Wong mau ora bakal dipatèni karo wong sing nduwé hak kanggo mbales sakdurungé diadili ing ngarepé jemaat.+

  • Para Hakim 9:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Terus, Abimèlèkh+ anaké Yérubaal marani sedulur-seduluré ibuné ing Syikhèm. Abimèlèkh kandha marang sedulur-seduluré ibuné kuwi lan kabèh keluargané simbahé lanang,* 2 ”Tulung takona marang kabèh pemimpiné* Syikhèm, ’Menurutmu, endi sing luwih apik, dipréntah 70 anaké lanang Yérubaal+ utawa dipréntah wong siji? Élinga nèk aku iki darah dagingmu dhéwé.’”*

  • Kisah 7:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Bar kuwi, Yakub pindhah menyang Mesir+ lan akhiré mati ing kana.+ Nènèk moyangé awaké dhéwé ya mati ing kana.+ 16 Balung-balungé nènèk moyang kuwi digawa menyang Syikhèm lan dikubur ing kuburan sing dituku Abraham saka anak-anaké Hamor ing Syikhèm.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim