PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 11:1-4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Wektu tekan Yérusalèm, Réhoboam langsung nglumpukké keturunané Yéhuda lan Bènyamin,+ yaiku 180.000 prajurit terlatih,* kanggo perang nglawan Israèl bèn kerajaan kuwi bali manèh marang Réhoboam.+ 2 Terus Yéhuwah kandha marang Syémaya+ abdiné Gusti Allah sing bener, 3 ”Omonga marang Réhoboam anaké Salomo raja Yéhuda lan marang kabèh wong Israèl ing Yéhuda lan Bènyamin, 4 ’Iki omongané Yéhuwah, ”Aja maju perang nglawan sedulur-sedulurmu. Kowé kudu bali ing omahmu dhéwé-dhéwé, merga Aku sing nggawé kabèh iki kelakon.”’”+ Wong-wong kuwi padha manut omongané Yéhuwah lan mulih ing omahé. Wong-wong kuwi ora nyerang Yéroboam.

  • 2 Babad 25:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Terus, Amazia nglumpukké wong Yéhuda lan ngongkon wong-wong kuwi ngadeg sesuai karo keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dipimpin karo pemimpiné wong sèwu lan pemimpiné wong satus. Kuwi ditindakké marang kabèh wong Yéhuda lan Bènyamin.+ Dhèwèké ndaftar wong-wong kuwi saka sing umuré 20 taun munggah.+ Jebulé ana prajurit 300.000 sing terlatih* sing isa perang lan nggunakké tombak lan tamèng gedhé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim