-
2 Para Raja 23:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Dhèwèké ya ngrubuhké mézbah ing Bètel, panggonan dhuwur* sing wis digawé Yéroboam anaké Nébat sing nyebabké Israèl nindakké dosa.+ Sakwisé ngrubuhké mézbah lan panggonan dhuwur kuwi, dhèwèké ngobong panggonan dhuwur mau nganti dadi awu lan ngobong cagak suci* mau.+
16 Pas Yosia méngo lan ndelok kuburan-kuburan sing ana ing gunung, dhèwèké mènèhi préntah bèn balung-balung saka kuburan kuwi dijupuk lan diobong ing mézbah kuwi, supaya mézbahé dadi najis. Kuwi kelakon cocog karo omongané Yéhuwah sing diramalké liwat abdiné Gusti Allah sing bener.+
-