-
1 Para Raja 16:30, 31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Kanggoné Yéhuwah, Ahab anaké Omri kuwi luwih jahat timbang wong-wong sakdurungé dhèwèké.+ 31 Dhèwèké niru dosa-dosané Yéroboam+ anaké Nébat, ning kuwi durung ana apa-apané, merga dhèwèké ya ndadèkké Izebèl+ anaké wédok Ètbaal raja Sidon+ dadi bojoné lan mulai nglayani Baal+ lan sujud ing ngarepé.
-
-
2 Para Raja 3:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Yéhoram+ anaké Ahab dadi raja Israèl ing Samaria ing taun ke-18 pamréntahané Yéhosyafat raja Yéhuda. Yéhoram mréntah suwéné 12 taun.
-
-
2 Para Raja 3:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Ning, dhèwèké nindakké dosa-dosa sing padha karo dosa-dosané Israèl sing ditindakké+ merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat. Dhèwèké ora mertobat.
-
-
2 Para Raja 13:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Ing taun ke-23 pamréntahané Yéhoas+ anaké Ahazia+ raja Yéhuda, Yéhoahaz anaké Yéhu+ dadi raja Israèl ing Samaria lan mréntah 17 taun suwéné. 2 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé+ Yéroboam anaké Nébat. Dhèwèké ora gelem mertobat.
-