PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 23:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 ”Wong wédok Israèl ora éntuk dadi pelacur.*+ Wong lanang Israèl ya ora éntuk dadi pelacur.*+ 18 Aja mènèhi sumbangan ing omahé Yéhuwah Gusti Allahmu saka bayarané pelacur wédok utawa pelacur lanang kanggo nepati janji, merga kuwi njijiki kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu.

  • 1 Para Raja 15:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Asa nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah,+ kaya Daud nènèk moyangé. 12 Dhèwèké ngusir wong-wong lanang sing dadi pelacur* saka negara kuwi+ lan nyingkirké kabèh brahala sing njijiki* sing digawé nènèk moyangé.+

  • 1 Para Raja 22:46
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 46 Dhèwèké ya ngusir kabèh wong lanang sing dadi pelacur*+ sing ora diusir karo Asa bapaké.+ Yéhosyafat ngusir kabèh pelacur kuwi saka tanah kuwi.

  • 2 Para Raja 23:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Dhèwèké ya ngambrukké omahé wong-wong lanang sing dadi pelacur,*+ sing ana ing omahé Yéhuwah, ing panggonané para wong wédok nenun kain téndha sing digunakké kanggo penyembahan marang cagak suci.*

  • Hoséa 4:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Aku ora bakal ngukum anak-anakmu wédok merga melacur,

      Utawa ngukum mantu-mantumu wédok merga laku jina,

      Sebab wong-wong lanang waé ya padha lunga karo para pelacur

      Lan mènèhké korban karo para pelacur.*

      Wong-wong kuwi ora nduwé pemahaman+ lan bakal disingkirké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim