-
2 Babad 12:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Mula, Syisyak raja Mesir nyerang Yérusalèm. Dhèwèké njarah harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istanané raja. Dhèwèké njupuk kabèh, termasuk kabèh tamèng emas sing digawé Salomo.+ 10 Mula, Raja Réhoboam nggawé tamèng-tamèng tembaga kanggo gantiné, lan kuwi kabèh dipasrahké marang para kepala penjaga* sing njaga lawang istana. 11 Saben Raja teka ing omahé Yéhuwah, para penjaga bakal teka nggawa tamèng-tamèng kuwi, lan sakwisé kuwi bakal dibalèkké manèh ing panggonané para penjaga.
-