-
2 Babad 16:11-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Sejarahé Asa, saka awal tekan akhir, ditulis ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl.+
12 Ing taun ke-39 pamréntahané, Asa kena penyakit ing sikilé, lan akhiré dhèwèké lara parah. Senajan wis lara, dhèwèké tetep ora njaluk bantuané Yéhuwah, ning malah njaluk bantuané para tabib. 13 Akhiré Asa mati,*+ yaiku ing taun ke-41 pamréntahané. 14 Dhèwèké dikubur ing kuburan sing apik banget sing sakdurungé wis dhèwèké gali ing Kutha Daud.+ Mayaté didèlèhké ing panggonan sing kebak minyak balsam* lan campuran rempah-rempah karo minyak wangi.+ Terus, wong-wong kuwi ngurubké geni gedhé banget kanggo dhèwèké.*
-