PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 9:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Terus, Nabi Èlisa ngundang* salah siji keturunané nabi* lan kandha, ”Cincingna jubahmu lan talèkna ing pinggangmu. Gawanen botol isi minyak iki, terus lungaa menyang Ramot-giléad.+ 2 Wektu kowé tekan kana, golèkana Yéhu+ anaké Yéhosyafat anaké Nimsyi. Undangen* dhèwèké saka antarané sedulur-seduluré, lan gawanen dhèwèké menyang ruangan paling njero. 3 Terus, jupuken botol kuwi lan esokna minyaké ing sirahé lan omonga, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku nglantik kowé dadi raja Israèl.”’+ Bar kuwi, bukaken lawangé lan ndang mlayua saka kono.”

  • 2 Para Raja 9:30-33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Wektu krungu nèk Yéhu teka menyang Yizréèl,+ Izebèl+ dandan nganggo celak ireng lan nata rambuté, terus dhèwèké nginguk saka jendhéla. 31 Wektu Yéhu mlebu ing gerbang, Izebèl kandha, ”Apa kowé éling apa sing dialami Zimri, wong sing matèni majikané kuwi?”+ 32 Yéhu ndhangak ndelok jendhéla lan kandha, ”Sapa sing ana ing pihakku? Sapa?”+ Loro utawa telu pejabat istana langsung ndelok Yéhu saka ndhuwur. 33 Yéhu kandha, ”Uncalna dhèwèké menyang ngisor!” Mula, wong-wong kuwi nguncalké Izebèl, lan getihé nyiprat ing témbok lan ing jaran. Terus, dhèwèké diidak-idak jaran-jarané Yéhu.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim