3 Terus, para keturunané nabi* ing Bètel nemoni Èlisa lan kandha, ”Apa kowé wis ngerti nèk dina iki majikanmu bakal dijupuk Yéhuwah lan ora bakal dadi pemimpinmu manèh?”+ Èlisa njawab, ”Aku wis ngerti. Ora usah ngomongké kuwi.”
11 Yéhosyafat kandha, ”Apa ing kéné ora ana nabiné Yéhuwah? Awaké dhéwé isa takon marang Yéhuwah liwat dhèwèké.”+ Salah siji abdiné raja Israèl njawab, ”Ana, jenengé Èlisa+ anaké Syafat. Mbiyèn dhèwèké kuwi pelayané Èlia.”*+