-
2 Para Raja 9:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Yéhu kandha marang Bidkar ajudané, ”Jupuken mayaté lan uncalna menyang ladhangé Nabot wong Yizréèl.+ Élinga, pas awaké dhéwé numpak jaran bareng ing mburiné Ahab bapaké, Yéhuwah ngumumké hukuman iki kanggo dhèwèké:+ 26 ’Yéhuwah kandha, ”Wingi aku ndelok getihé Nabot+ lan getihé anak-anaké.” Yéhuwah ya kandha, ”Aku bakal mbales+ kowé ing ladhang iki.”’ Mula saiki, jupuken mayaté lan uncalna menyang ladhang kuwi, kaya sing diomongké Yéhuwah.”+
-
-
Pengkhotbah 4:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Aku mikirké manèh soal kabèh sing dilakoni wong kanggo nindhes liyané ing ngisoré matahari. Aku ndelok tangisané wong-wong sing ditindhes, ning ora ana sing nulungi wong-wong kuwi.+ Wong-wong sing nindhes nduwé kuwasa, mula ora ana sing nulungi wong-wong sing ditindhes kuwi.
-