-
2 Para Raja 9:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Kowé kudu matèni keluargané Ahab majikanmu, lan Aku bakal mbales getihé para nabi-Ku lan kabèh abdiné Yéhuwah liyané sing wis dipatèni Izebèl.+ 8 Kabèh keluargané Ahab bakal dipatèni. Aku bakal nyingkirké saben wong lanang* ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+ 9 Aku bakal nggawé keluargané Ahab dadi kaya keluargané Yéroboam+ anaké Nébat lan kaya keluargané Baasya+ anaké Ahiya.
-