-
1 Para Raja 15:25-29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Nadab+ anaké Yéroboam dadi raja Israèl ing taun keloro pamréntahané Asa raja Yéhuda, lan dhèwèké mréntah Israèl suwéné rong taun. 26 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya niru kelakuan lan dosané bapaké.+ Bapaké ya nyebabké bangsa Israèl nindakké dosa kuwi.+ 27 Terus, Baasya anaké Ahiya keturunané Isakhar sekongkol nglawan Nadab, lan Baasya matèni dhèwèké ing Gibéton,+ kuthané wong Filistin, pas Nadab lan kabèh pasukan Israèl lagi ngepung Gibéton. 28 Baasya matèni Nadab ing taun ketelu pamréntahané Asa raja Yéhuda, lan Baasya dadi raja nggantèni Nadab. 29 Ora let suwé sakwisé dadi raja, Baasya matèni kabèh keturunané Yéroboam. Ora ana sing dijarké tetep urip. Kabèh dipatèni kaya sing wis diomongké Yéhuwah liwat abdiné yaiku Ahiya wong Syilo.+
-