-
2 Para Raja 4:32-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Pas Èlisa mlebu ing njero omah, bocah sing wis mati kuwi ana ing kasuré Èlisa.+ 33 Bar kuwi, Èlisa mlebu lan nutup lawang, terus ndonga marang Yéhuwah.+ 34 Èlisa munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi. Lambéné ditèmplèkké ing lambéné bocah kuwi, mripaté ing mripaté bocah kuwi, lan tlapak tangané ing tlapak tangané bocah kuwi. Èlisa mbungkuk terus ing ndhuwuré bocah kuwi, lan badané bocah kuwi mulai anget.+ 35 Dhèwèké mlaku mrana-mréné ing omah kuwi, terus munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi manèh. Bocah kuwi wahing ping pitu, bar kuwi dhèwèké mbukak mripaté.+
-