-
2 Para Raja 8:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Ahazia umuré 22 taun wektu dadi raja, lan dhèwèké mréntah ing Yérusalèm setaun suwéné. Ibuné jenengé Atalia+ putuné* Omri+ raja Israèl. 27 Ahazia niru tumindaké keluargané Ahab+ lan terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah kaya keluargané Ahab, merga dhèwèké ana hubungan keluarga karo keluargané Ahab liwat pernikahan.+
-