-
Pangentasan 32:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Terus Musa ngadeg ing gerbang perkémahan lan kandha, ”Wong sing mihak Yéhuwah ayo mara mréné!”+ Terus, kabèh wong Lèwi ngumpul ing cedhaké Musa. 27 Musa ngomong karo wong-wong kuwi, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Jupuken pedhangmu, lan kowé kudu mlaku ing perkémahan, saka gerbang ing gerbang liyané, kanggo matèni sedulur-sedulurmu, tanggamu, lan kanca akrabmu.’”+
-
-
Pangandharing Torèt 13:6-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Nèk kakangmu, adhimu, anakmu lanang, anakmu wédok, bojomu sing mbok sayangi, utawa kanca akrabmu meneng-meneng ngejak kowé nyembah allah-allah liya,+ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal lan ora dikenal karo nènèk moyangmu, 7 allahé bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu, embuh kuwi sing cedhak utawa sing adoh, sing ana ing kabèh wilayah ing tanah iki, 8 aja gelem dipengaruhi wong kuwi lan aja ngrungokké dhèwèké.+ Aja mbok mesakké, lan aja mbok lindhungi. 9 Ning, wong kuwi kudu mbok patèni.+ Kowé kudu dadi sing pertama mbandhemi* wong kuwi, lagi sing liyané mèlu mbandhemi.+
-
-
Yèhèzkièl 9:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Bar kuwi, Dhèwèké kandha marang wong lanang enem mau, ”Mlakua ngetutké wong kuwi ngubengi kutha Yérusalèm, terus serangen wong-wong ing kono. Aja ngrasa mesakké, lan aja perduli karo bangsa kuwi.+
-