-
Pangandharing Torèt 3:13-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Wilayah Giléad sing liyané lan kabèh wilayah Basyan kerajaané Og wis tak wènèhké marang setengahé suku Manasyé.+ Kabèh wilayah Argob, sing ana ing Basyan, mbiyèn disebut tanahé wong Réfaim.
14 ”Yair+ anaké Manasyé ngrebut kabèh wilayah Argob+ nganti tekan batas dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat.+ Dhèwèké njenengi désa-désa ing Basyan nganggo jenengé dhéwé, yaiku Hawot-yair,*+ nganti dina iki. 15 Aku wis mènèhké Giléad marang Makhir.+ 16 Aku wis mènèhké wilayah saka Giléad tekan Lembah Arnon marang suku Rubèn lan suku Gad,+ lan batasé yaiku tengah-tengahé lembah kuwi nganti tekan Yabok, yaiku lembah sing dadi batas dhaérahé wong Ammon.
-
-
Pangandharing Torèt 28:63Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
63 ”Kaya Yéhuwah seneng banget nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu saya akèh, Yéhuwah ya bakal seneng banget nyingkirké lan matèni kowé. Kowé bakal diusir saka tanah sing bakal mbok enggoni.
-
-
Yosua 13:8-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Suku Rubèn, suku Gad, lan setengah saka suku Manasyé wis njupuk dhaérah warisan sing wis diwènèhké Musa, yaiku ing sisih wétané Kali Yordan. Dhaérah warisan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah,+ yaiku: 9 saka kutha Aroèr+ sing ana ing pinggir Lembah Arnon,*+ termasuk kutha ing tengah-tengahé lembah kuwi, lan kabèh dataran tinggi ing Médéba nganti tekan Dibon; 10 lan kabèh kuthané Raja Sihon yaiku rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon, nganti perbatasan dhaérahé wong Ammon;+ 11 uga Giléad lan dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat,+ lan Gunung Hèrmon sak kabèhé lan kabèh Basyan+ nganti tekan Saléka;+ 12 kabèh dhaérah kerajaané Raja Og saka Basyan, sing mréntah ing Astarot lan Édréi. (Dhèwèké kuwi salah siji wong Réfaim sing isih urip.)+ Musa ngalahké lan ngusir wong-wong kuwi.+
-