-
2 Babad 21:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Pas Yéhoram wis nguwasani kerajaané bapaké, dhèwèké matèni kabèh adhiné lanang+ lan sebagéan pejabat Israèl nganggo pedhang bèn dhèwèké tetep dadi raja.
-
-
2 Babad 22:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Wektu Atalia+ ibuné Ahazia ngerti nèk anaké wis mati, dhèwèké matèni kabèh keturunané raja* Yéhuda.+ 11 Ning, Yéhosyabéat anaké wédok Raja Yéhoram meneng-meneng nggawa* Yéhoas+ anaké Ahazia saka antarané anak-anaké raja sing arep dipatèni. Dhèwèké ndhelikké Yéhoas lan wong sing momong Yéhoas ing kamar bagéan njero. Yéhosyabéat anaké wédok Raja Yéhoram+ (dhèwèké kuwi bojoné Imam Yéhoyada+ lan mbakyuné Ahazia) isa ndhelikké Yéhoas saka Atalia, mula Yéhoas ora dipatèni.+ 12 Yéhoas tetep bareng karo wong-wong kuwi lan didhelikké ing omahé Gusti Allah sing bener enem taun suwéné, yaiku saksuwéné Atalia mréntah negara kuwi.
-