-
2 Para Raja 11:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Ing taun kepitu, Imam Yéhoyada ngundang* para pemimpiné wong satus sing mimpin pengawal kerajaan* lan penjaga istana.*+ Dhèwèké ngongkon wong-wong kuwi nemoni dhèwèké ing omahé Yéhuwah. Dhèwèké nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi lan ngongkon wong-wong kuwi sumpah ing omahé Yéhuwah, terus dhèwèké nduduhké anaké raja marang wong-wong kuwi.+
-
-
2 Para Raja 11:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Imam Yéhoyada mènèhi préntah marang para pemimpiné wong satus,+ yaiku wong sing ditugaské kanggo mimpin pasukan. Dhèwèké kandha, ”Gawanen wong wédok kuwi metu saka barisan pengawal, lan sapa waé sing ngetutké wong wédok kuwi kudu mbok patèni nganggo pedhang!” Sakdurungé, imam kuwi wis kandha, ”Aja matèni dhèwèké ing omahé Yéhuwah.”
-