-
Wilangan 11:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Bar kuwi, Musa metu lan nyampèkké omongané Yéhuwah marang wong Israèl. Dhèwèké milih wong lanang 70 saka antarané pemimpin Israèl lan ngongkon para pemimpin kuwi ngadeg ing sak ubengé kémah pertemuan.+ 25 Terus, Yéhuwah mudhun ing méga+ lan ngomong karo Musa.+ Gusti Allah njupuk sebagéan roh suci+ sing ana ing Musa lan mènèhké kuwi marang wong 70 kuwi. Roh suci kuwi langsung ana ing wong 70 kuwi lan tingkah lakuné wong-wong kuwi dadi kaya nabi,*+ ning kuwi ora tau kelakon manèh.
-
-
Wilangan 27:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Mula Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kowé kudu nglantik Yosua anaké Nun, wong lanang sing isa diendelké kuwi, lan dèlèhna tanganmu ing sirahé.+
-