-
Pangentasan 29:39-41Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Domba lanang sing siji kudu mbok korbanké ésuk-ésuk, lan domba lanang sijiné kudu mbok korbanké pas wis arep bengi.*+ 40 Wektu kowé ngorbanké domba lanang sing pertama, kowé kudu mènèhi persembahan sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur karo seprapat hin* minyak zaitun, lan kowé ya kudu mènèhi persembahan minuman, yaiku seprapat hin anggur. 41 Pas wis arep bengi,* kowé kudu ngorbanké domba lanang sing sijiné lan persembahan minuman lan tepung saka biji-bijian, padha karo persembahan pas ésuk. Kabèh kuwi kudu mbok obong dadi persembahan kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng.
-