-
2 Babad 24:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Wong-wong mulai ninggalké omahé Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé lan mulai nyembah cagak suci* lan patung brahala. Mula, Gusti Allah nesu marang Yéhuda lan Yérusalèm merga dosané wong-wong kuwi. 19 Gusti Allah bola-bali ngutus para nabi marang wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi gelem bali marang Yéhuwah, lan para nabi terus ngélikké,* ning wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké.+
-
-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-