PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 16:30, 31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Kanggoné Yéhuwah, Ahab anaké Omri kuwi luwih jahat timbang wong-wong sakdurungé dhèwèké.+ 31 Dhèwèké niru dosa-dosané Yéroboam+ anaké Nébat, ning kuwi durung ana apa-apané, merga dhèwèké ya ndadèkké Izebèl+ anaké wédok Ètbaal raja Sidon+ dadi bojoné lan mulai nglayani Baal+ lan sujud ing ngarepé.

  • 1 Para Raja 22:51
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 51 Ahazia+ anaké Ahab dadi raja Israèl ing Samaria ing taun ke-17 pamréntahané Yéhosyafat raja Yéhuda, lan dhèwèké mréntah Israèl suwéné rong taun.

  • 1 Para Raja 22:53
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 53 Dhèwèké terus nglayani lan sujud marang Baal,+ lan terus nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ persis kaya sing ditindakké bapaké.

  • 2 Para Raja 10:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Sakwisé kuwi Yéhu ngirim pesen menyang kabèh wilayah Israèl, lan kabèh penyembahé Baal teka. Ora ana sing ora teka. Wong-wong kuwi mlebu menyang kuil Baal,+ lan kuil kuwi kebak wong saka pojok tekan pojok.

  • 2 Para Raja 23:4, 5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Terus, Raja ngongkon Imam Agung Hilkia,+ imam-imam liyané, lan para penjaga lawang kanggo ngetokké saka omahé Yéhuwah kabèh peralatan sing digawé kanggo Baal, kanggo cagak suci,*+ lan kanggo kabèh pasukan langit. Bar kuwi, dhèwèké ngobong kuwi kabèh ing njaba Yérusalèm ing lèrèng-lèrèng Kidron lan nggawa awuné menyang Bètel.+ 5 Dhèwèké ngusir para imam allah-allah asing sing dilantik raja-raja Yéhuda kanggo nggawé asap korban ing panggonan-panggonan dhuwur* ing kutha-kutha Yéhuda lan ing sekitaré Yérusalèm. Dhèwèké ya ngusir wong-wong sing nggawé asap korban kanggo Baal, matahari, bulan, rasi bintang sing ana ing ramalan bintang, lan kabèh pasukan langit.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim