-
2 Para Raja 20:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”Oh Yéhuwah, tulung éling nèk aku wis setya lan saktulusé ati ngabdi marang Njenengan. Aku ya wis nindakké sing bener, kaya sing mbok karepké.”+ Terus, Hizkia nangis banter banget.
-
-
2 Babad 31:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Kuwi sing ditindakké Hizkia ing kabèh dhaérah Yéhuda. Dhèwèké terus nindakké apa sing apik lan sing bener nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé. Dhèwèké ya terus setya marang Gusti Allah. 21 Dhèwèké berhasil ing kabèh gawéan sing ditindakké kanggo nglayani Gusti Allah, sing ana hubungané karo pelayanan ing omahé Gusti Allah sing bener,+ utawa sing ana hubungané karo Hukum lan préntahé Gusti Allah. Kuwi kabèh ditindakké saktulusé ati.
-