-
2 Para Raja 12:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Mula, Yéhoas raja Yéhuda njupuk kabèh persembahan suci sing wis disucèkké raja-raja Yéhuda nènèk moyangé, yaiku Yéhosyafat, Yéhoram, lan Ahazia. Dhèwèké ya njupuk persembahan suciné dhéwé lan kabèh emas sing ana ing panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah lan ing istana. Kuwi kabèh dikirim marang Hazaèl raja Siria,+ terus Hazaèl mundur saka Yérusalèm.
-
-
2 Para Raja 16:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Terus, Ahaz njupuk pérak lan emas sing ana ing omahé Yéhuwah lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istana. Dhèwèké ngirim kuwi kanggo nyuap raja Asiria.+
-
-
2 Babad 16:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Mula, Asa ngetokké pérak lan emas saka panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istana, terus ngirim kuwi marang Bèn-hadad raja Siria+ sing manggon ing Damaskus. Asa kandha, 3 ”Ana perjanjian antarané aku lan kowé, antarané bapakku lan bapakmu. Aku ngirim pérak lan emas iki marang kowé. Mula, batalna perjanjianmu karo Baasya raja Israèl, supaya dhèwèké mundur saka aku.”
-