PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 32:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 ”Iki sing diomongké Sanhèrib raja Asiria, ’Sapa ta sing mbok endelké, kok kowé isih tetep manggon ing Yérusalèm padahal wis dikepung?+

  • Yésaya 36:4-10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Rabsyaké ngomong karo wong-wong kuwi, ”Tulung ngomonga karo Hizkia, ’Raja Asiria sing hébat ngomong ngéné, ”Kok isa kowé percaya diri banget?+ 5 Kowé ngomong nèk nduwé taktik lan kekuwatan kanggo perang, ning kuwi mung omong kosong. Kowé ngendelké sapa kok nganti wani-waniné mbrontak nglawan aku?+ 6 Mesir sing mbok endelké kuwi kaya suket dhuwur sing tugel, sing bakal nusuk lan nembus tlapak tangané wong sing sèndhèran ing kono. Kuwi sing bakal ditindakké Firaun raja Mesir marang kabèh wong sing ngendelké dhèwèké.+ 7 Mungkin kowé njawab, ’Aku ngendelké Yéhuwah Gusti Allahku.’ Tapi, kuwi kan Gusti Allah sing mézbah lan panggonan dhuwuré* disingkirké karo Hizkia.+ Terus, Hizkia ya ngongkon wong Yéhuda lan Yérusalèm, ’Kowé kudu sujud ing ngarepé mézbah+ sing ana ing Yérusalèm.’”’ 8 Dadi saiki, gustiku raja Asiria+ nantang kowé. Kowé bakal tak wènèhi jaran 2.000 nèk kowé sanggup nyedhiakké wong-wong sing numpaki jaran kuwi. 9 Senajan Mesir isa mènèhi kowé kréta perang lan pasukan sing numpak jaran, apa kowé isa ngalahké para abdiné gustiku? Lha wong gubernur sing jabatané paling rendhah waé ora isa mbok tandhingi. 10 Apa mbok pikir aku ora éntuk wewenang saka Yéhuwah kanggo nyerang lan ngremuk tanah iki? Yéhuwah dhéwé kandha karo aku, ’Serangen lan remuken kutha kuwi.’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim