-
2 Para Raja 24:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Yéhoyakhin raja Yéhuda bareng karo ibuné, para abdiné, para pemimpiné, lan para pejabat istanané+ padha nyerah marang raja Babilon.+ Bar kuwi, Yéhoyakhin ditawan ing taun kewolu pamréntahané raja Babilon.+ 13 Terus, raja Babilon ngetokké kabèh harta sing ana ing omahé Yéhuwah lan istanané raja.+ Dhèwèké ngethok-ngethok kabèh peralatan emas sing digawé Salomo raja Israèl ing baité Yéhuwah.+ Kuwi kelakon cocog karo sing diramalké Yéhuwah.
-
-
2 Babad 36:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Nébukhadnézar nggawa sebagéan peralatan saka omahé Yéhuwah menyang Babilon lan ndèlèhké kuwi ing istanané ing Babilon.+
-
-
2 Babad 36:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Kabèh peralatan ing omahé Gusti Allah sing bener, sing cilik lan sing gedhé, karo harta ing omahé Yéhuwah lan harta duwèké raja lan duwèké para pejabaté, kabèh digawa menyang Babilon.+
-
-
Yérémia 27:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl soal barang-barang sing isih ana ing omahé Yéhuwah, ing istanané raja Yéhuda, lan ing Yérusalèm: 22 ’”Kuwi bakal digawa menyang Babilon+ lan bakal tetep ana ing kana nganti Aku éling karo kuwi manèh,” kandhané Yéhuwah. ”Terus, kuwi bakal Tak gawa bali lan Tak balèkké manèh ing panggonan iki.”’”+
-