-
2 Para Raja 21:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Manasyé ya matèni akèh banget wong sing ora salah nganti getihé wong-wong kuwi ngebaki Yérusalèm saka pucuk nganti tekan pucuk.+ Sakliyané kuwi, dhèwèké dosa merga nyebabké Yéhuda dosa, yaiku nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.
-
-
2 Para Raja 23:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Ning, Yéhuwah isih tetep nesu banget marang Yéhuda merga kabèh tumindaké Manasyé sing wis nglarani atiné.+
-
-
2 Babad 33:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Mula, Yéhuwah nyebabké para pemimpin pasukan raja Asiria nyerang wong-wong kuwi. Manasyé dicekel nganggo kait,* diranté nganggo ranté tembaga loro, terus digawa menyang Babilon. 12 Pas lagi sengsara banget, dhèwèké njaluk dimesakké Yéhuwah Gusti Allahé lan terus ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allahé nènèk moyangé. 13 Dhèwèké terus-terusan ndonga marang Gusti Allah. Akhiré, Gusti Allah gelem ngrungokké dongané lan njawab wektu dhèwèké njaluk bèn dimesakké. Gusti Allah nggawé Manasyé bali menyang Yérusalèm lan nggawé dhèwèké dadi raja manèh.+ Akhiré, Manasyé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.+
-