-
2 Para Raja 12:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Yéhoas kandha marang para imam, ”Jupuken kabèh dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah kanggo persembahan suci,+ yaiku dhuwit pajeg sing kudu dibayar saben wong,+ dhuwit saka wong-wong sing wis nggawé sumpah, lan kabèh dhuwit sing digawa wong-wong menyang omahé Yéhuwah merga réla.+ 5 Para imam bakal nampa kuwi saka wong-wong sing nyumbang* lan nggunakké kuwi kanggo ndandani saben bagéan sing rusak* ing omah kuwi.”+
-