PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 6:41
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 41 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. Dhèwèké ya ngedum-edumké iwak kuwi kanggo kabèh wong ing kono.

  • Markus 8:6-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah. Bar kuwi, Yésus njupuk roti pitu, ngucapké syukur, nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong kuwi.+ 7 Murid-murid ya nduwé iwak cilik sing jumlahé mung sithik. Sakwisé ngucap syukur, Yésus ngongkon murid-muridé ngedumké iwak kuwi. 8 Kabèh wong mangan nganti wareg. Murid-murid nglumpukké sisané, lan akèhé nganti pitung kranjang gedhé.*+

  • Yohanes 2:7-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Yésus ngomong karo para pelayan kuwi, ”Isinen genthong-genthong kuwi nganggo banyu.” Terus, genthong-genthong kuwi diisi nganti kebak. 8 Yésus ngomong manèh, ”Saiki, jupuken sithik banyuné, lan wènèhna marang ketua pésta.” Para pelayan kuwi manut préntahé Yésus. 9 Terus, ketua pésta ngicipi banyu mau, sing saiki wis berubah dadi anggur. Ketua pésta kuwi ora ngerti asalé anggur kuwi saka ngendi, ning para pelayan sing njupuk ngerti. Bar kuwi, ketua pésta ngundang* mantèn lanang.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim