PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 9:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Raja Salomo ngongkon wong-wong kerja+ kanggo mbangun omahé Yéhuwah,+ istana, Bukit,*+ témbok Yérusalèm, Hazor,+ Mégido,+ lan Gèzèr.+

  • 2 Babad 35:20-25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Sakwisé kuwi kabèh kelakon, wektu Yosia wis rampung ndandani bait, Nékho+ raja Mesir teka arep perang ing Karkhémis ing cedhak Kali Éfrat. Terus, Yosia mangkat ngadhepi dhèwèké.+ 21 Mula Nékho ngirim utusan kanggo kandha, ”Apa urusanmu, raja Yéhuda? Dina iki aku teka dudu kanggo nglawan kowé, ning nglawan bangsa liya, lan Gusti Allah ngongkon aku cepet-cepet nindakké kuwi. Kanggo kepentinganmu dhéwé, aja nglawan Gusti Allah sing ndhukung aku. Nèk ora, Gusti Allah bakal nyingkirké kowé.” 22 Yosia ora mundur, ning malah nyamar+ kanggo nglawan dhèwèké lan ora ngrungokké omongané Nékho sing asalé saka Gusti Allah. Mula, dhèwèké perang ing Dataran Mégido.+

      23 Para pemanah manah Raja Yosia, terus dhèwèké kandha marang para abdiné, ”Gawanen aku lunga saka kéné, merga aku wis luka parah.” 24 Mula, para abdiné mindhah dhèwèké saka kréta perangé menyang kréta perangé sing keloro, terus digawa menyang Yérusalèm. Akhiré, Yosia mati lan dikubur ing kuburané nènèk moyangé.+ Kabèh wong Yéhuda lan Yérusalèm padha nangisi Yosia. 25 Yérémia+ nyanyi lagu sedhih kanggo Yosia, lan kabèh penyanyi lanang lan wédok+ terus-terusan nyanyi soal Yosia ing lagu-lagu sedhihé nganti saiki. Terus, keputusan digawé kanggo nyanyèkké kuwi ing Israèl, lan kuwi kabèh ditulis ing kumpulan lagu sedhih.

  • Zakharia 12:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Ing dina kuwi, ing Yérusalèm bakal ana tangisan sing banter banget kaya tangisan ing Hadad-rimon ing Dataran Mégido.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim