-
2 Para Raja 21:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Pas mréntah dadi raja, Amon+ umuré 22 taun lan mréntah rong taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Mésyulèmèt anaké Haruz saka Yotba. 20 Amon terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Manasyé bapaké.+ 21 Dhèwèké terus niru tumindaké bapaké. Dhèwèké terus nglayani lan sujud marang brahala-brahala sing njijiki* sing tau dilayani bapaké.+
-