PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 15:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Nèk wong-wong kuwi takon apa sing bakal dialami wong-wong kuwi, kowé kudu kandha, ’Iki sing diomongké Yéhuwah:

      ”Sebagéan bakal mati merga penyakit sing parah.

      Sebagéan manèh bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang.+

      Sing liyané bakal mati merga kelaparan.

      Sing liyané manèh bakal ditawan.”’+

  • Yérémia 39:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Nébuzaradan+ kepala pengawal kuwi nawan rakyat sing isih ana ing kutha kuwi, wong-wong sing mihak dhèwèké, lan kabèh penduduk liyané. Dhèwèké nggawa kabèh wong kuwi menyang Babilon.

  • Yérémia 52:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Terus, Nébuzaradan kepala pengawal kuwi nawan rakyat biasa lan wong-wong sing isih ana ing kutha Yérusalèm. Dhèwèké ya nggawa wong-wong sing mihak raja Babilon lan para pengrajin sing ahli sing isih urip.+

  • Yérémia 52:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Ing taun ke-23 pamréntahané Nébukhadnézar,* Nébuzaradan kepala pengawal kuwi nawan 745 wong Yahudi.+

      Jumlahé ana 4.600 wong sing ditawan.

  • Yèhèzkièl 5:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Obongen bagéan sing pertama sakwisé kowé rampung ngepung kutha kuwi.+ Potong-potongen bagéan sing keloro nganggo pedhang ing sak ubengé kutha kuwi.+ Terus, sebaren bagéan sing terakhir bèn kabur kena angin, lan Aku bakal ngetokké pedhang kanggo ngoyak*+ rambut-rambut kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim