PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 24:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Sakwisé rampung, wong-wong mau mènèhké turahané dhuwit marang Raja lan Yéhoyada. Dhuwit kuwi digunakké kanggo nggawé peralatan omahé Yéhuwah, peralatan kanggo pelayanan lan kanggo mènèhké persembahan, cangkir, lan peralatan saka emas lan pérak.+ Wong-wong bakal mènèhké korban bakaran+ ing omahé Yéhuwah saben dina saksuwéné Yéhoyada urip.

  • 2 Babad 36:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Kabèh peralatan ing omahé Gusti Allah sing bener, sing cilik lan sing gedhé, karo harta ing omahé Yéhuwah lan harta duwèké raja lan duwèké para pejabaté, kabèh digawa menyang Babilon.+

  • Ézra 1:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Raja Korès ya ngetokké peralatan-peralatan saka omahé Yéhuwah sing wis digawa Nébukhadnézar saka Yérusalèm lan ndèlèhké kuwi ing kuilé allahé.+

  • Ézra 1:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Ana manèh mangkok cilik saka emas 30, mangkok cilik saka pérak 410, lan peralatan liyané 1.000. 11 Jumlahé kabèh peralatan sing digawé saka emas lan pérak yaiku 5.400. Syésbazar nggawa kuwi kabèh pas para tawanan+ digawa metu saka Babilon menyang Yérusalèm.

  • Danièl 5:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Pas mabuk, Bèlsyazar ngongkon wong nggawa cangkir-cangkir sing digawé saka emas lan pérak sing digawa Nébukhadnézar bapaké* saka bait ing Yérusalèm.+ Kuwi arep dienggo ngombé Raja bareng karo para bangsawan, selir, lan bojoné sing liyané.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim