-
1 Para Raja 7:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Dhèwèké ya nggawé loro kepala cagak saka tembaga kanggo didèlèhké ing ndhuwuré cagak-cagak mau. Saben kepala cagak kuwi dhuwuré limang hasta.
-
-
1 Para Raja 7:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Bagéan kuwi ana ing ndhuwuré bagéan bunder sing diubengi jaring mau, yaiku sing ana ing ndhuwuré cagak loro mau. Ana rong baris delima ing saben kepala cagak, sing jumlahé 200 delima.+
-
-
Yérémia 52:21-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Saben cagak dhuwuré 18 hasta.* Kelilingé saben cagak kuwi 12 hasta,*+ lan kandelé kira-kira pitung sèntimèter.* Cagak-cagak kuwi kopong. 22 Kepala cagak digawé saka tembaga. Kepala cagak kuwi dhuwuré limang hasta.+ Kabèh jaring lan delima sing ngubengi kepala cagak digawé saka tembaga. Cagak loro kuwi padha persis, termasuk delimané. 23 Ana 96 delima ing sisi-sisiné. Kabèhé ana 100 delima ing sak ubengé jaring kuwi.+
-