-
Yérémia 40:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Bar kuwi, para pemimpin pasukan ing kabèh wilayah ing tanah kuwi lan anak buahé krungu nèk raja Babilon wis ngangkat Gédalia anaké Ahikam kanggo mréntah Yéhuda lan kanggo ngurusi wong mlarat sing ora ditawan ing Babilon, embuh kuwi lanang, wédok, utawa bocah-bocah.+ 8 Terus, para pemimpin pasukan kuwi padha nemoni Gédalia ing Mizpa.+ Wong-wong kuwi yaiku Ismaèl+ anaké Nétania, Yohanan+ lan Yonatan anak-anaké Karéah, Séraya anaké Tanhumèt, anak-anaké Éfai wong Nétofa, lan Yézania+ anaké wong Maakat, bareng karo kabèh pasukané. 9 Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan sumpah marang wong-wong kuwi lan pasukané. Gédalia kandha, ”Aja wedi dadi abdiné wong Khaldéa. Manggona ing tanah iki. Kowé kudu nglayani raja Babilon, lan kowé bakal aman.+
-