-
Yérémia 41:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
41 Ing sasi kepitu, Ismaèl+ anaké Nétania anaké Èlisyama, yaiku keturunané raja* lan salah siji wong penting ing kerajaan, teka bareng karo wong lanang sepuluh nemoni Gédalia anaké Ahikam ing Mizpa.+ Pas padha mangan bareng ing Mizpa, 2 Ismaèl anaké Nétania lan wong lanang sepuluh sing bareng karo dhèwèké matèni Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan nganggo pedhang. Ya kaya ngono kuwi dhèwèké matèni wong sing diangkat raja Babilon kanggo mréntah ing tanah kuwi.
-