-
1 Para Raja 8:63, 64Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
63 Salomo mènèhké korban kerukunan*+ marang Yéhuwah: Dhèwèké mènèhké sapi 22.000 lan domba 120.000. Ya ngono kuwi Raja lan kabèh wong Israèl ngresmèkké omahé Yéhuwah.+ 64 Ing dina kuwi, Raja kudu nyucèkké halaman tengah sing ana ing ngarepé omahé Yéhuwah. Ing kana, dhèwèké mènèhké korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé korban kerukunan,* merga mézbah tembaga+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ora cukup kanggo nampung kabèh korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé+ korban kerukunan.*
-