-
1 Para Raja 1:38-40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Terus Imam Zadok, Nabi Natan, Bénaya+ anaké Yéhoyada, wong Khèrèti lan wong Pèlèti*+ padha lunga, lan Salomo ditumpakké keledainé* Raja Daud.+ Wong-wong kuwi nggawa Salomo menyang Gihon.+ 39 Bar kuwi, Imam Zadok njupuk wadhah* sing isiné minyak+ saka kémahé,+ terus ngesokké minyak kuwi ing ndhuwur sirahé Salomo+ kanggo nglantik dhèwèké. Wong-wong padha nyebul trompèt* lan mulai padha mbengok, ”Muga-muga Raja Salomo diberkahi.” 40 Sakwisé kuwi, kabèh wong lunga ngetutké Salomo karo nyuling lan sorak-sorak. Swarané banter banget nganti buminé goncang.*+
-
-
1 Babad 23:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Wektu Daud wis saya tuwa lan arep mati, dhèwèké ndadèkké Salomo anaké dadi raja Israèl.+
-