-
Wilangan 35:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Préntahna wong Israèl bèn mènèhké sebagéan kutha sing wis dadi warisané supaya dienggoni wong Lèwi.+ Wong-wong kuwi ya kudu mènèhké padhang rumput ing sekitaré kutha-kutha+ kuwi marang wong Lèwi. 3 Wong Lèwi bakal manggon ing kutha-kutha kuwi, lan padhang rumputé kanggo ternak, barang-barang, lan kabèh kéwan liyané. 4 Padhang-padhang rumput sing kudu mbok wènèhké wong Lèwi ambané 1.000 hasta,* diétung saka témbok ing sak ubengé kutha.
-