50 Sakdurungé ana kelaparan, Yusuf+ nduwé anak lanang loro sing dilairké Asenat, anaké Potiféra imam ing On. 51 Yusuf kandha, ”Gusti Allah wis nggawé aku lali karo kabèh masalahku lan kabèh keluargané bapakku.” Kuwi sebabé Yusuf njenengi anaké sing pertama Manasyé.+