-
1 Babad 26:14-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Sing éntuk undhi kanggo gerbang wétan yaiku Syélémia. Zakharia anaké Syélémia kuwi penaséhat sing wicaksana. Zakharia éntuk undhi kanggo gerbang lor. 15 Obèd-édom éntuk gerbang kidul, lan anak-anaké lanang+ ditugaské ing gudhang-gudhang. 16 Syupim lan Hosa+ éntuk gerbang kulon, cedhak Gerbang Syalèkhèt ing dalan gedhé sing nanjak. Kelompok penjaga sing siji sebelahan karo kelompok penjaga liyané.
-