5 Terus, kabèh suku Israèl marani Daud ing Hébron+ lan kandha, ”Aku kabèh iki isih sedulurmu.+ 2 Pas Saul isih dadi raja, njenengan sing mimpin Israèl maju perang.+ Yéhuwah ngandhani njenengan, ’Kowé bakal angon umat-Ku Israèl lan dadi pemimpiné Israèl.’”+