-
Para Hakim 14:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Mula, Simson mangkat bareng karo bapaké lan ibuné menyang Timnah. Pas tekan ing kebon anggur Timnah, ana singa nggero-nggero marani Simson. 6 Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan,+ lan Simson nyuwèk singa kuwi dadi loro mung nganggo tangané kaya wong nyuwèk anak kambing. Ning, sing dhèwèké tindakké kuwi ora dicritakké marang bapaké lan ibuné.
-
-
1 Samuèl 17:36, 37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Abdimu iki wis matèni singa lan beruang. Wong Filistin sing ora disunat kuwi ya bakal mati merga wis nantang* pasukané Gusti Allah sing urip.”+ 37 Daud kandha manèh, ”Yéhuwah, sing wis nylametké aku saka cakaré singa lan beruang, Dhèwèké ya bakal nylametké aku saka wong Filistin kuwi.”+ Mula Saul kandha, ”Ya wis kana, muga-muga Yéhuwah mbantu kowé.”
-
-
2 Samuèl 23:20-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Bénaya+ anaké Yéhoyada kuwi wong sing kendel.* Tumindaké Bénaya ing Kabzéèl kuwi luar biasa.+ Dhèwèké matèni loro anaké Arièl saka Moab. Dhèwèké ya mlebu ing lubang pas udan salju lan matèni singa ing kono.+ 21 Terus, dhèwèké matèni wong Mesir sing awaké gedhé banget. Senajan wong Mesir kuwi nyekel tombak, Bénaya nglawan wong kuwi nganggo tongkat lan ngrebut tombaké wong Mesir kuwi, terus wong kuwi dipatèni nganggo tombak kuwi. 22 Kuwi sing ditindakké Bénaya anaké Yéhoyada. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau. 23 Senajan dhèwèké luwih diajèni timbang wong 30 mau, dhèwèké ora luwih hébat timbang telu prajurit hébat sing pertama. Ning, Daud milih Bénaya dadi pengawal pribadiné.
-