-
1 Samuèl 29:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Para penguasané Filistin maju karo pasukané sing dibagi ing kelompok wong satus lan kelompok wong sèwu. Daud lan pasukané baris ing mburiné wong Filistin bareng karo Akhis.+ 3 Ning, para pemimpin pasukané wong Filistin kandha, ”Ngapa wong-wong Ibrani iki padha ing kéné?” Akhis njawab, ”Iki Daud, abdiné Saul raja Israèl. Daud wis setaun luwih mèlu aku.+ Kèt Daud ninggalké majikané terus mèlu aku nganti saiki, aku ora nemokké kesalahan apa-apa saka dhèwèké.” 4 Ning, para pemimpin pasukané wong Filistin nesu lan kandha, ”Kongkonen dhèwèké bali+ menyang panggonan sing wis mbok wènèhké. Aja nganti dhèwèké mèlu perang karo awaké dhéwé, mengko ndhak mbalik nglawan awaké dhéwé ing perang kuwi.+ Nèk isa matèni pasukané awaké dhéwé, majikané mesthi seneng, ta?
-