PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 6:3-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ning, wong-wong ndèlèhké Pethiné Gusti Allah sing bener kuwi ing grobag+ anyar merga arep dipindhah saka omahé Abinadab+ sing ana ing bukit. Sing ngarahké sapi-sapi sing nggèrèt grobag anyar kuwi yaiku Uzza lan Ahio, anak-anaké Abinadab.

      4 Wong-wong kuwi nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Abinadab sing ana ing bukit, lan Ahio mlaku ing ngarepé Pethi kuwi. 5 Daud lan kabèh wong Israèl ngrayakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah nganggo kabèh alat musik saka kayu juniper, harpa, alat musik liyané sing nganggo senar,+ rebana,+ simbal,+ lan alat musik liyané. 6 Ning, wektu tekan ing Nakon, yaiku panggonan kanggo nggiles biji-bijian,* Uzza nyekel Pethiné Gusti Allah sing bener, merga sapi-sapi sing narik grobag+ kuwi mèh waé nggawé Pethi kuwi tiba. 7 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget marang Uzza, lan Gusti Allah sing bener matèni+ Uzza merga dhèwèké kurang ajar.+ Uzza mati ing kana, ing sebelahé Pethiné Gusti Allah sing bener. 8 Ning, Daud nesu merga Yéhuwah nesu banget marang Uzza. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Pèrèz-uzza* nganti saiki.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim