-
2 Samuèl 5:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Daud takon marang Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu nglawan wong Filistin? Apa Njenengan bakal nggawé aku ngalahké wong-wong kuwi?” Yéhuwah njawab, ”Ya, Aku mesthi bakal nggawé kowé ngalahké wong Filistin.”+ 20 Mula, Daud mara ing Baal-pérazim lan Daud ngalahké wong Filistin ing kana. Terus Daud kandha, ”Yéhuwah wis ngalahké mungsuh-mungsuhku+ ing ngarepku, kaya banyu sing njebol témbok.” Kuwi sebabé dhèwèké njenengi panggonan kuwi Baal-pérazim.*+ 21 Wong Filistin ninggalké patung brahalané ing kana, terus Daud lan anak buahé njupuk lan ngremuk patung-patung kuwi.
-