-
2 Samuèl 6:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Wong-wong kuwi nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Abinadab sing ana ing bukit, lan Ahio mlaku ing ngarepé Pethi kuwi. 5 Daud lan kabèh wong Israèl ngrayakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah nganggo kabèh alat musik saka kayu juniper, harpa, alat musik liyané sing nganggo senar,+ rebana,+ simbal,+ lan alat musik liyané.
-
-
2 Samuèl 6:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Terus Raja Daud éntuk laporan, ”Yéhuwah wis mberkahi keluargané Obèd-édom lan kabèh duwèké merga Pethiné Gusti Allah sing bener.” Daud ngrasa seneng,+ terus dhèwèké lunga bèn isa njupuk Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Obèd-édom menyang Kutha Daud.
-